-->

Kumpulan Makalah, Artikel dan Share Informasi

PIDATO BAHASA JAWA PERPISAHAN SMP

Assalamu’alaikum, Wr.Wb

Alhamdulillah alhamdulillahi robbil alamin wabihi nasta'inu ala umuriddunya waddin ashsholatu wassalamu'ala asrofil ambiya iwal mursalin wa ala alihi washohbihi ajmain amma ba,du


paringan.blogspot.co.id
Add caption


Dumateng pangarsanipun bapak kepala sekolah SMP I Jenangan ingkang tansah kinormatan, Bapak inu guru SMPN I Jenangan ingkang kulo hormati, lan rencang-rencang sedoyo ingkang kulo tresnani.

Langkung rumiyin sumangga panjenengan kulo derekanken sami manengku puja dalah puji syukur kunjuk dumateng ingkang maha asih ingkang sampun paring rahmat lan nikmat gumelaring alani jagat wonting madyane bebrayan agung. 

Bapak ibu guru ingkang kinurmatan, kulo amakili panawung krida ngaturaken agung matur nuwun amargi saget rawuh wonten ing adicara perpisahan menika.
Selajengipun kulo ngaturaken matur nuwun ugi dumateng OSIS ingkang sampun nyumbangaken tenaga lan panggalihipun sahingga adicara menika saget lelaksanan kanthi sae.

Bapak lan ibu ingkah kinakbekten, wonten ing adicara menika kulo selaku panawung krida ngaturaken pangapunten mbok bilih katah kalepatan anggenipun nyediaken papan palenggahan lan samudayanipun, kulo nyuwun agunging pangapunten.

Para siswa-siswi kelas 9 SMPN I Jenangan ingkang kulo tresnani mugi-mugi panjenengan sedaya saget nerasaken piwulangen ingkang dipun idamaken poro siswa sedoyo, amin.

Para bapak lan ibu guru saha siswa-siswi sedaya ingkang kinurmatan, cekap semanten atur kulo mbok bilih anggen kulo ngaturaken tanggap wacana katah kalepatan saha kirang kulo ngaturaken agungin pangapunten.

Akhirukalam…

Wabilahitaufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum. Wr. Wb

Labels: Surat

Thanks for reading PIDATO BAHASA JAWA PERPISAHAN SMP. Please share...!

Back To Top